ATUR SAPALA ( PRA WACANA )
Ingkang sepisan kula lan
sedherek tiyang ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT kagem sadaya nikmat
lan rahmatipun saengga kula sadherek saged ngrampungaken karya tulis punika,
lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken karya tulis punika.
Mugi-mugi tulisan punika saged
kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah SWT, ananging
menawa lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun,
BAB I
PAMBUKA
- Wigatosing Rembag
Mitoni
iki kalebu tradisi lan budaya ingkang kiat lan turun temurun tumrapipun para
wong jawa.
Sajatosipun
tradisi kala wau tuwuh saking kapitadosan masyarakat satunggaling tlatah
dhumateng kabudayaan.
Salah
satunggaling tradisi wonten ing daerah jawa inggih menika mitoni. Mitoni iku
dikenal marang rakyat jawa dangu lan ndalu.
Pramila saking menika, wonten
makalah menika menika badhe kaandharaken babagan kebudayaan mitoni.
- Bab-bab Ingkang Wigatos
Dipun rembag
Sak
sampunipun kita maos lan mreksani wigatosing rembag, inggih menika babagan
mitoni, kita saged nemokaken masalah-masalah ingkang saged tuwuh saking
pirembagan babagan mitoni menika.
1.
Pengertian Mitoni
2.
Tujuanipun Mitoni
3.
Syarat-syarate Mitoni
4.
Rangkaian Mitoni
5.
Wektu dilaksanakake Mitoni
BAB II
ISI
1.
Pengertian Mitoni
Mitoni
iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon
ibu meteng 7 sasi.
2. Tujuane
Mitoni
Tujuane
kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk
keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).
3. Arti
Mitoni
Jabang
bayi umur 7 sasi ku wis duwe raga sing sempurna, dadi miturut pengertian wong
jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses penciptaan manungsa iku wis nyata lan
sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa sapta kawasa jati.
4.
Syarate Mitoni
**
Bubur 7 macem
Campuran
7 macem : (1) bubur abang, (2) bubur putih, (3) abang ditumpangi putih, (4)
putih ditumpangi abang, (5) putih disilang abang, (6) abang disilang putih, (7)
baro-baro (bubur putih sing nduwure di wenehi parutan klapa lan gula jawa).
Bubur
putih di pangan dening calon bapak, bubur abang dipangan dening calon ibu.
Bubur sing liyane di pangan dening sakeluarga.
**
Gudangan Mateng
**
Nasi Megono
**
Jajanan Pasar
Biasane
isine 7 macem panganan jajanan pasar tradisional.
**
Rujak
**
Ampyang
**
Macem-macem Kolo
Kolo
kependem (kacang tanah) lan Kolo merambat (tela).
**
Ketan
Ketan
digawe bunderan kaya bal bekel (diameter 3-4 cm) warna putih, abang, ijo,
coklat, lan kuning.
**
Tumpeng Sega Putih
**
Endog
Endog
ayam 7.
**
Gedhang
Gedhang
raja lan gedhang raja pulut ijen-ijen.
**
Tumpeng 7 Macem Warna
Rangkaian Acara
Kangge
upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara Ngupati, urut-urutane yaiku
siraman, nglebokake endog pitik kampong neng njero kain calon ibu dening calon
bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake kelapa gading enom), memutus lawe
utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endog lan
terakhir kedhuren.
Acara
siraman mung diselenggarakake kanggo mitoni anak pertama.
Wektu
Miturut
adapt jawa mitoni iku kudhu diselenggarakake neng dina sing bener-bener apik,
yaiku dina senin awan kanthi bengi utawa dina jumah awan kanthi bengi.
BAB III
PANUTUP
1. Dudutan
Mitoni
iku asale saka tembung pitu. Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu
meteng 7 sasi.
Tujuane
mitoni kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk
keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).
2.
Pamrayogi
Mitoni
inggih menika kalebet kebudayaan ingkang adiluhung tilaranipun para leluhur
kita. Kita kedah jagi kebudayaan mitoni kalebet ciri khas daerah ingkang daerah
kita. Ampun ngantos mitoni menika kapendet dening kebudayaan adat jawa.
0 Komentar untuk "Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo"