ATUR PAMBAGYAHARJA PAHARGYAN TEMANTEN
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh,
saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen.
Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom
..................................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun
para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten
dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah,
ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para
pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para
kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh,
para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan
tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen,
panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking
................................................ ingkang tuhu pantes sinuba
sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk
dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana
sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan
sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged
makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih
alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos
kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah
lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan
kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan
antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba
sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking
panjenenganipun Bp/Ibu ................................... ingkang hamengku
gati, kula pun ................................... lajeng kumawani nyahak
wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling
parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.
Purwakaning atur, Bp/Ibu
................................................. gotrah kulawarga ngaturaken
pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun
ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa
ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal
soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel.
Allahumma amin.
Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :

* asesilih Rara Ayu ....................................
ingkang sampun kadhaup dening Bagus ....................................putra
panjenenganipun Bp/Ibu .............................
* peparab Bagus
.................................. ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara
Ayu ................... atmaja putrinipun Bp/Ibu..................ingkang
pidalem ing...............
Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu
kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken
dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten
........................... nyarengi surya kaping
........................................ titiwanci tabuh
....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning
agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek,
minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing.....................
kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu ........................................ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ...................................... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ......................................... anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu .............................................. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang
pantes sinudarsana, Bp ....................................... sakulawarga,
lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna,
pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing
tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan,
minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi
wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita,
lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.
Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu
luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu
................................................ gotrah kulawarga, keparenga
andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning
pahargyan ing siang/dalu menika.
Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

0 Komentar untuk "Atur Pambagyo Temanten Bahasa Jawa"